Rabu, 20 Juni 2012

PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS TELUNG PULUH EDHISI: 15 JUNI 2012

1. WARTA
Mangsa Akeh Butuhe
Mangsa Akeh Butuhe
Ing sasi-sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi-sasi sadurunge. Amarga ing sasi-sasi iki akeh warga masarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad. Sing wragad kanggo sekolah, kanggo tuku sandhangan sekolah, tuku buku lan tas sekolah, kanggo plesiran, nganti kabutuhan kanggo mapagake sasi Pasa. Kanthi akehe butuh kang kudu dirampungake, mesthi wae akeh dhuwit kang kudu dicekel kanggo mbayar sakabehing kabutuhan mau. Nalika akeh butuh kang kudu dirampungake, mesthine rega-rega barang terus melu mundhak. Pancen bener, salah sijine conto, rega mlebu sekolahan, saben taune mesthi mundhak luwih saka 10%. Durung kabutuhan liyane, mesthi regane uga melu mundhak, kayata sandhangan, tas, sepatu, buku, lsp.
Akeh wong butuh dhuwit kanggo mbayar sakabehing kabutuhan sekolah. Yen pas ora ana dhuwit, apa kang diduweni bisa wae didol utawa digadhekake. Yen wis ngono papan-papan pagadhean dikebaki dening pawongan sing padha nggadhekake duweke, kayata emas, pit montor, mobil, laptop, lan sapanunggalane. Kang pokok enggal cekel dhuwit kanggo mbayar sekolah. Amarga nglebokake sekolah ing jaman saiki larangane ora jamak, wiwit saka TK nganti tekan Pawiyatan Luhur (Perguruan Tinggi). Kamangka yen mbayar sekolah, utamane dhuwit gedhung apadene sragam lan buku ora kena disemayani, lan kudu dibayar kenceng aliyas kontan.
Semono uga ngancik sasi Pasa utawa Ramadhan, mesthi rega-rega sembako bakal mundhak. Wis otomatis lan wis adat saben, saben taune. Yen rega-rega sembako padha mundhak, ateges anggone ngetokake dhuwit kanggo blanja tansaya akeh. Durung barang-barang lan jasa liyane kang magepokan karo Pasa lan Lebaran (Bada), mesthi ora kalah, kabeh melu mundhak. Mula saka kuwi, ing sasi-sasi iki memper yen diarani mangsa akeh butuh. Yen ora bisa ngendhaleni butuh, bener-bener bisa tombok.
2. WAWAN REMBUG
Wulan Juni tekan Agustus, akeh wong tuwa sing padha bingung mikirake butuh kang saya numpuk. Kang kanggo butuh nglebokake sekolah anake, nganti tekan kaperluwan ngadhepi sasi Pasa. Kabeh barang padha mundhak. Kuwi kabeh gawe bingunge wong tuwa klebu Mbah Margana lan Pak Rebo (kekarone jeneng sesinglon) kang lagi nunggu pengumuman ing sawijining sekolahan. Pacelathon kekarone kaya ing ngisor iki.
Mbah Margana Nunggu pengumuman bingung, bar pengumuman bingung, iya ora Pak?
Pak Rebo Inggih Mbah, sekolah samenika ndadosaken tiyang sepuh tansaya bingung.
Mbah Margana Bener kuwi. Sekolah saiki tansaya gawe susahe ....... .............. Arep metu sekolah mbayar, arep mlebu sekolah mbayar.
Pak Rebo Sinaosa pamarentah sejatosipun ugi sampun nggratisaken sekolah. Kasunyatanipun boten sedaya.
Mbah Margana Iya bener pancen ............ ana sekolah gratis, yaiku ing SD kang biyasa ta? Coba SD unggulan, apa ana sing gratis?
Pak Rebo Dereng .......... Mbah. Malah tansaya awis tansaya kondhang.
Mbah Margana Lha iya kuwi, sekolahan saiki tambah dadi komersil. Mulane sekolahan apik saiki, sing bisa mlebu mung wong sugih dhuwit.
Pak Rebo Estu Mbah, menawi boten sugih ........, tangeh lamun saged sekolah. Kados awakipun piyambak menika.
Mbah Margana lan Pak Rebo banjur padha mlebu ruwangan, amarga pengumuman enggal kawiwitan. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!
Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.
Tembung Ngoko Krama Krama Inggil
ana wonten -
dhuwit arta, yatra -
tuwa sepuh -
wis sampun -
wong tiyang priyantun
3. MANGSULI PITAKONAN
  1. Papan kanggo nggadhekake barang iku ing ngendi?
  2. Wulan apa padha nglebokake bocah sekolah?
  3. Sawise sasi Juni—Juli iki, rega-rega uga padha mundhak nalika ngarepake sasi apa?
TERJEMAHAN BAHASA INDONESIA
PELAJARAN BAHASA JAWA
KE DUA RATUS TIGA PULUH
EDISI: 15 JUNI 2012
1. BERITA
Musim Banyak Kebutuhan
Di bulan-bulan seperti ini, menginjak bulan Juni sampai Agustus, sudah bisa ditebak, inflasi akan lebih tinggi dibandingkan dengan bulan-bulan sebelumnya. Sebab di bulan-bulan ini banyak warga masyarakat mengejar kebutuhan dan banyak mengeluarkan anggaran. Untuk biaya sekolah, untuk membeli pakaian sekolah, membeli buku dan tas sekolah, untuk wisata, hingga kebutuhan untuk persiapan bulan Puasa. Dengan banyaknya kebutuhan yang harus diselesaikan, tentu saja banyak uang harus dimiliki untuk membayar seluruh kebutuhan tadi. Ketika banyak kebutuhan yang harus dicukupi, tentunya harga barang-barang juga ikut naik. Memang benar, salah satu contoh, tarif masuk sekolah, setiap tahunnya mesti naik 10%. Belum kebutuhan lainnya, tentu harganya juga ikut naik, seperti pakaian, tas, sepatu, buku, dan sebagainya.
Banyak orang membutuhkan uang untuk membayar semua kebutuhan sekolah. Jika kebetulan tidak ada uang, apa yang dimiliki bisa saja dijual atau digadaikan. Jika sudah demikian tempat-tempat pegadaian dipenuhi oleh orang-orang yang hendak menggadaikan barang miliknya, seperti emas, sepeda motor, mobil, laptop, dan sebagainya. Yang penting segera mendapatkan uang untuk membayar sekolah. Sebab memasukkan anak ke sekolah di zaman ini biayanya sangat mahal, mulai dari TK hingga Perguruan Tinggi. Padahal kalau membayar sekolah, terutama uang gedung apalagi seragam dan buku tidak boleh ditunda, dan harus dibayar tunai.
Demikian pula menjelang bulan Puasa, tentu harga-harga sembako juga naik. Sudah otomatis dan kebiasaan untuk setiap tahunnya. Jika harga-harga sembako naik, berarti semakin lebih banyak mengeluarkan uang untuk belanja. Belum barang-barang dan jasa lainnya yang berhubungan dengan Puasa dan Lebaran, tentu tidak berbeda jauh, semua ikut naik. Maka dari itu, di bulan-bulan ini mirip jika disebut musim banyak kebutuhan. Apabila tidak bisa mengendalikan kebutuhan, benar-benar bisa defisit.
2. DIALOG
Bulan Juni hingga Agustus, banyak orang tua yang bingung memikirkan kebutuhan hidup yang semakin menumpuk. Untuk kebutuhan memasukkan anak ke sekolah, hingga sampai keperluan menghadapi bulan Puasa. Semua barang naik. Itu semua membuat bingung orang tua termasuk Mbah Margana dan Pak Rebo (keduanya nama samaran) yang sedang menunggu pengumuman di sebuah sekolah. Dialog keduanya seperti di bawah ini.
Mbah Margana Menunggu pengumuman bingung, usai pengumuman bingung, benar tidak Pak?
Pak Rebo Benar Mbah, sekolah sekarang membuat orang tua semakin bingung.
Mbah Margana Itu benar. Sekolah sekarang semakin membuat susahnya ....... .............. Mau lulus sekolah membayar, akan masuk sekolah membayar.
Pak Rebo Walaupun pemerintah sebenarnya juga sudah menggratiskan sekolah. Kenyataannya tidak semua.
Mbah Margana Iya memang benar ............ ada sekolah gratis, yaitu di SD yang biasa kan? Coba SD unggulan, apakah ada yang gratis?
Pak Rebo Belum .......... Mbah. Bahkan semakin mahal biayanya akan semakin terkenal.
Mbah Margana Lha iya itu, sekolah sekarang tambah menjadi komersil. Makanya sekolah berkualitas sekarang ini, yang bisa masuk hanya orang banyak uang.
Pak Rebo Benar Mbah, apabila tidak banyak ........, mustahil dapat sekolah. Seperti kita ini.
Mbah Margana dan Pak Rebo lalu masuk ruangan, sebab pengumuman segera dimulai. Seperti pada pembelajaran sebelumnya, para netter atau pembaca diminta untuk berkenan mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mengisi!
Tingkatan tembung ngoko – krama seperti yang digunakan di atas.
Tembung Ngoko Krama Krama Inggil Indonesia
ana wonten - ada
dhuwit arta, yatra - uang
tuwa sepuh - tua
wis sampun - sudah
wong tiyang priyantun orang
3. MENJAWAB PERTANYAAN
  1. Tempat untuk menggadaikan barang itu di mana?
  2. Bulan apa biasa mendaftarkan anak sekolah?
  3. Setelah bulan Juni—Juli ini, harga-harga ikut naik ketika menghadapi bulan apa?
Naskah : Suwandi
Ilustrasi : Sartono

0 komentar:

Posting Komentar