Pasinaon



Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane

  1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
  2. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
  3. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
  4. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
  5. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
  6. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
  7. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
  8. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
  9. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
  10. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
  11. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
  12. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
  13. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
  14. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
  15. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
  16. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
  17. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
  18. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
  19. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
  20. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasan                                                                                                                                              


WANGSALAN
Wangsalan iku unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang.

Tuladha:
 
reca kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan)
  1. bayem arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng)
  2. kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang)
  3. durna putra, ngudiya basa utama (durna putra = aswatan)
  4. gayung sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
  5. bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
  6. tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama. (tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma)
  7. saron agung, agung agunging sujanma. yen mung ewuh, sabarang nora tumeka ( saron agung = demung; agung agunging sujanma = ratu)
  8. cipta arda, ardaning tyas mring sasama. tyas susila, nor raga ambek jatmika. ( cipta arda = nepsu; ardhaning tyas mring sasama = ambek)
  9. mamet tirta, tirta jawah jro ketiga. suka lila,lebur luluh labuh praja. ( mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga = labuh)
     Wangsulan ing dhuwur kuwi awujud ukara rong gatra. gatra kapisan cangkimane, gatra kapindo batangane. Ana kang mawa etungan 4 wanda + 8 wanda, ana kang etungane ( 4 wanda + 8 wanda) x 2

     Kajaba wangsalan wangsalan ing dhuwur uga ana wangsalan padinan. Ukara wangsalan padinan iku ora ndadak nganggo ngelingi etungan cacahing wanda. Ana sing ngganggo nyebutake batangane, ana sing tanpa nyebutake batangane.

A. tuladha wangsalan padinan kang ora nyebutake batangane :
  • We lha, njanur gunung kowe tekan kene. (janur gunung = aren = kadingaren)
  • Bok aja nglemah bengkah. (nglemah bengkah = tela = nyela nyela)
  • Aja njenang gula lho karo aku. ( jenang gula = glali = lali)
  • Wah, mandhan rawa lho kowe, bareng macak Jawa ( pandhan rawa = wlingi/manglingi)
  • Mung kepengen nggentha dara. ( gentha dara = sawangan = nyawang)

B. Tuladha wangsalan padiman kang nyebutake batangane
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung = angklung = cengklungen)
  • Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang, mrengut terus. ( mentil kacang = sungut = mrengut)
  • Balung geni, mbokmenawa aku rene liya dina. ( balung geni = mawa = mbokmenawa)
  • Pindhang lulang, kacek apa aku karo dheweke. ( pindhang lulang = krecek = kacek)
  • Kancing gelung munggweng dhadha, titenana! ( kancing gelung munggweng dhadha = peniti = titenana)

                                                              Sumber

Jarwo Dhosok

Mak bedunduk, ora ono udan ora ono bledek, aku kepikiran nguri-uri kabudayan Jawi khususe bab basa. Pikiranku banjur mabur ono wayah jaman aku isih umuran SD pas nyinau piwulang Jarwo Dhosok sing diajarno bu Sriyatun marang para murid-muride, uga aku ono njerone. Aku ora bisa nerangake pangerten opo kuwi Jarwo Dhosok. Yen gampangane aku ngarani Jarwo Dhosok yaiku tembung sing isoh digothak-gathik-gathuk lan ana hubungane karo tembung asline.
Nah, wingi iku ceritane aku nulis status ono ing tlatah Facebook bab Jarwo Dhosok. Jebul, kanca-kanca Facebook yo isih padha eling tuladha Jarwo Dhosok arepo uripe uwes ono Jakarta. Saklanjute, iki ono sakperangan tuladha tembung-tembung Jarwo Dhosok iku: (sumonggo sugeng maos..)
Terjemah:
Tiba-tiba saja, tak ada hujan dan tak ada petir, aku teringat dengan pelajaran bahasa Jawa sewaktu di sekolah. Pikiran saya pun melayang jauh ke masa-masa aku masih usia SD saat belajar Jarwo Dhosok yang diajarkan ibu Sriyatun di depan murid-muridnya, termasuk aku di dalamnya. Aku tidak bisa menjelaskan pengertian yang benar tentang Jarwo Dhosok. Namun mudahnya, Jarwo Dhosok kuartikan dengan pengertian kata yang dipas-paskan sehingga memiliki hubungan dengan kata aslinya.
Bagong = Ngobahke Bokong
Budhe=Sibu Gedhe
Copet=Cecolong Dompet
Dongeng = Dipaido Keneng
Dalang = Ngudal Piwulang
Guru = Digugu Lan Ditiru
Garwo = Sigaraning Nyowo
Gedhang = Digeget Sak Bare Madhang
Gethuk = Digeget Karo Manthuk
Gusti = Bagusing Ati
Gelas=Tugel Ra Isoh Dilas
Garbu = Yen Gak Mbegar Gak Isoh Mlebu
Jimat = Barang Siji Dirumat
Karet = Mekare Yen Digeret
Kluarga=Kawula Warga
Kerikil = Keri Neng Sikil
Keripik = Keri Neng Pikiran
Kupat = Laku Papat / Ngaku Lepat
Kapuk = Mengkap-Mengkap Empuk.
Kodok = Teko-Teko Ndodok
Kathok = Diangkat Baka Sithok
Kutang = Sikute Diutang
Lanang = Salah Tetep Menang
Maling = Amale Wong Ora Eling /Manungsa Ora Eling
Mantu = Dieman Eman Mekso Metu
Ngelmu = Angele Yen Durung Ketemu
Pedhal = Yen Cepet Mesthi Ndang Budhal
Piring=Pinggirane Miring
Pakdhe=Bapak Gedhe
Paklik=Bapak Cilik
Roda = Loro Kudu Padha
Ruji = Diwiru Siji-Siji
Ronggeng = Ronging Ketonggeng
Setir = Yen Gak Siset Mesthi Muntir
Semar = Eseme …
Skuter=Sedeku Mlayune Banter
Sepur = Asepe Metu Dhuwur
Saru = Kasar Lan Keliru
Sopir = Yen Ngaso Mampir
Tandur = Ditata Karo Mundur
Tebu = Mantepe Nek Wis Mlebu
Tepas = Nitipke Napas
Wedang = Ngawe Kadang
Weteng = Ruwet Tur Peteng
Wanita = Wani Ditata
Wadon = Wajibe Nompo Paidon
Wedang = Gaweke Kadang dst..




0 komentar:

Posting Komentar