Selasa, 19 Juni 2012

Macam-Macam Bahasa di Bahasa Jawa


Ing basa jawa iku ana pirang-pirang basa sing digunakake ing kahanan kang beda. Ing basa iki karepe mangkono iku supaya duwe cara sing beda nalika ngadhepi wong tuwa uga marang wong enom. Kanggo nggampangake sinau basa jawa lan miturut pangecakane ing pasrawungan jaman saiki undha usuk :
1. Basa Ngoko
2. Basa Ngoko Alus
3. Basa Krama
4. Basa Krama Alus
Keterangane :
A. Basa Ngoko
Basa ngoko iku kabeh basane kawujud ngoko kabeh
Tuladha : Ayo melu aku, Rin.
B. Basa Ngoko Alus
Ngoko alus iku basane ngoko kecampran krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Basa iki digunakake minangka :
• Kanggo guneman karo wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur drajate
• Kanggo guneman marang wong wong sing statuse luwih dhuwur nanging wis akrab
• Kanggo guneman wong sing wis akrab utawa status sosiale padha nanging isih pengen ngajeni
C. Basa Krama
Basa krama iku tembunge kabeh nganggo krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Ater-ater lan panambange ora dikramakake.
Tuladha : Pitike firas kae dak dole bae! --- Ayame ingkang giras punika kula sadene kemawon!
D. Basa krama alus
Basa krama alus iku basane krama kecampuran krama inggil, nanging basane luwih alus lan ngajeni. Ater-ater lan panambange uga melu dikramakake.
Tuladha : calon bojone Pak Ali tuku jeruk, apel, karo pelem. --- Calon garwanipun Pak Ali mundhut jeram, apel, kaliyan pelem

0 komentar:

Posting Komentar